sopo doyan strop

Diposkan oleh Unknown

Ting ting es
Sopo doyan setrup
Sing rupane rembes
Mesti durung raup


Oooh nguik! Iku suara babi
Ambune tengik nek digarap seni
Iso dadi apik marai kabeh meri
Gambare antik regane nggegirisi

Iki ana seniman, tangine mesthi awan
Tangi turu senenge, langsung nyekeli gaman
Kuas di tangan kiri, kalkulator di kanan
Waton nyabet kanvas, koq yo dadine larang

Nganti kaya blobok pas tangi turu
Yen samsoyo ndlodok samsoyo payu
Kolektor ngeces selak kepengen tuku
Ngindik karyane neng studio biru

Tekan pintu gerbang ditemoni asu
Asune ki ngomong nek kabeh wis payu
Kolektore ndomblong ora sido mlebu
Mbanjur takon kapan gawe karya baru

Meh.. nggawe.. instalasi..
Sepur.. klutuk.. nglindes.. bodi..
Kuwi.. ra tak koleksi
Monggo.. silahkan pergi


Ting ting es
Sopo doyan setrup
Sing rupane rembes
Mesti durung raup


Aa a agus suwage
Naksir lonthe neng sanghai
Ojo mung didelok wae
Yen wani tuku lukisane

Lahire tahun seket songo
Neng kuto Purworejo
Kawit cilik wis dadi cino
Mbareng gede yo tetep dadi cino

Bocahe saiki pancen mbagusi
Nenteng i-phone nengdi-endi
Padahal ndisik ra ngerti tehnology
Kepekso sinau mergo ditinggal istri

Potret diri sebagai nero
Nero ki sopo? sing kontemporer kuwi lho
Duwe anak loro ditinggal bojo
Nek ra ngerti aku berarti kowe bodo


Ting ting es
Sopo doyan setrup
Sing rupane rembes
Mesti durung raup


Chairil anwar kemut-kemut
Karo Bunda Theresa koq gayane dianut
Ojo diguwak nek kowe nyecek udud
Tegesane diklumpukna dadi karya patut

Tom York mringis ngombe holly beer
Ojo gebablasen mundak dadi kentir
Bukan sulap bukan sihir
Ini memang jamanya seni mutakhir

Soekarno numpak holly dog ke luar negeri
Stairway to heaven ketemu Gandhi
Jare suwage seni kuwi ngapusi
Tapi isa nggo urip dadi profesi

Nanggo computer dolanan fruity loops
Nggawe musik, musike sedut-senut
Umpama mlebu suwargo aku nunut
Nek neraka aku wegah katut